33 Tarub Suci mau banjur diaturake marang ing ngarsane Nabi Musa, iya tarub dalah saprabote kabeh; canthelane, blabage, kendhite, cagake lan ompake,
34 payone lulang wedhus gembel lanang kang dipulas abang, payon lulang dhuyung, tendha tutup,
35 pethi angger-anggere Gusti Allah dalah pikulane lan tutup pangruwatan,
36 meja sapirantine kabeh dalah rotine sesaosan,
37 padamaran mas murni, damar-damare, damar kang kudu dipasang ing ndhuwure lan sapirantine kabeh, lenga kang kagawe madhangi,
38 misbyah mas, lenga jebad, dupa wangi, tuwin wrana lawanging tarub,
39 misbyah kurban obaran tembaga dalah krawangane tembaga, pikulane lan sapirantine kabeh, wadhah banyu satadhahane,