5 Sabuke kotang efod iku iras-irasan, panggawene padha karo kotang efod, yaiku: mas, lawe wungu tuwa, lawe wungu nom, lawe jingga lan lena alus kang benange kaantih, kaya kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.
6 Wong-wong mau banjur padha nggarap sesotya krisopras, kang kaembanan mas, kaukir namane para putrane Rama Israel, patrape kaya ngukir cap.
7 Banjur padha dipasang ana ing tutup pundhake kotang efod minangka sesotya pangeling-eling kanggo wong Israel, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.
8 Sarta iya padha gawe tutup dhadha, gaweaning ahli, patrape kaya gawe kotang efod, kang digawe mas, lawe wungu tuwa, lawe wungu nom, lawe jingga lan lena alus kang benange kaantih.
9 Tutup dhadha mau pesagi, sarta anggone gawe dirangkep loro, dawane sakilan lan ambane iya sakilan.
10 Tumuli dietrapi sesotya patang larik, larikan sapisan: sesotya yaspis abang, krisolit lan malakit;
11 larikan kapindho: sesotya mirah, lazurit lan yaspis ijo;