12 Kang iku sira mangkata, Ingsun kang bakal ngereh ilatira lan mulang marang sira apa kang kudu sira ucapake.”
13 Ewadene unjuke Sang Musa: “Dhuh Pangeran, mugi Paduka karsaa utusan sinten kemawon ingkang pantes Paduka utus!”
14 Ing kono tuwuh dukane Pangeran Yehuwah marang Sang Musa, pangandikane: “Apa Harun kakangira wong Lewi iku ora ana ing kana? Ingsun mirsa, yen iku wasis micara, malah wus mangkat methuk sira, lan samangsa ketemu klawan sira, bakal bungah atine.
15 Harun iku sira tuturana lan tembung-tembung mau dokoken ing cangkeme, dene Ingsun kang bakal ngereh cangkemira lan cangkeme Harun, sarta sira bakal Sunwulang apa kang perlu sira lakoni.
16 Harun iku kang bakal makili sira mituturi bangsa iku, kalawan mangkono Harun iku minangka cangkemira lan sira kaya kang dadi Allahe.
17 Anadene teken iku sira gawaa, iku minangka sarana anggonira nindakake pratandha-pratandha mau.”
18 Sang Musa tumuli wangsul manggihi Imam Yitro marasepuhe, sarta ature: “Kula kalilana wangsul manggihi sanak-kadang kula ingkang wonten Mesir, badhe kula tuweni, punapa taksih sami gesang?” Wangsulane Imam Yitro: “Iya becik mangkata kalawan tentrem!”