6 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika maneh marang Sang Musa: “Tanganira lebokna ing tangkeping jubahira!” Banjur iya kelakon astane dilebetake ing tangkeping jubahe, bareng ditarik, lah astane nandhang mala saraat putih kaya salju.
7 Sawuse mangkono dhawuhe maneh: “Tanganira lebokna maneh ing tangkeping jubahira!” Sang Musa banjur nglebetake astane maneh ing tangkeping jubahe, bareng ditarik metu, lah wus pulih maneh kaya sarirane.
8 “Saupama padha ora ngandel marang sira lan ora maelu marang pratandha kang kapisan, mesthi bakal padha ngandel marang pratandha kang kapindho.
9 Saupama meksa padha ora ngandel marang pratandha loro mau lan ora ngrungokake tembungira, sira njupuka banyu saka bengawan Nil, sira esokna ing lemah kang garing, banyu mau ana ing lemah kang garing bakal malih dadi getih.”
10 Unjuke Sang Musa marang Pangeran Yehuwah: “Dhuh Pangeran, kawula punika boten saged rembagan, wiwit rumiyin mila, wiwit Paduka mangandikani, inggih sanes ahli micara, margi gineman kawula alot saha ilat kawula kaken.”
11 Nanging Sang Yehuwah ngandika: “Sapa kang nitahake ilate manungsa, lan sapa kang nitahake wong bisu utawa budheg, wong melek utawa wong wuta? Apa dudu Ingsun, Yehuwah?
12 Kang iku sira mangkata, Ingsun kang bakal ngereh ilatira lan mulang marang sira apa kang kudu sira ucapake.”