9 Saupama meksa padha ora ngandel marang pratandha loro mau lan ora ngrungokake tembungira, sira njupuka banyu saka bengawan Nil, sira esokna ing lemah kang garing, banyu mau ana ing lemah kang garing bakal malih dadi getih.”
10 Unjuke Sang Musa marang Pangeran Yehuwah: “Dhuh Pangeran, kawula punika boten saged rembagan, wiwit rumiyin mila, wiwit Paduka mangandikani, inggih sanes ahli micara, margi gineman kawula alot saha ilat kawula kaken.”
11 Nanging Sang Yehuwah ngandika: “Sapa kang nitahake ilate manungsa, lan sapa kang nitahake wong bisu utawa budheg, wong melek utawa wong wuta? Apa dudu Ingsun, Yehuwah?
12 Kang iku sira mangkata, Ingsun kang bakal ngereh ilatira lan mulang marang sira apa kang kudu sira ucapake.”
13 Ewadene unjuke Sang Musa: “Dhuh Pangeran, mugi Paduka karsaa utusan sinten kemawon ingkang pantes Paduka utus!”
14 Ing kono tuwuh dukane Pangeran Yehuwah marang Sang Musa, pangandikane: “Apa Harun kakangira wong Lewi iku ora ana ing kana? Ingsun mirsa, yen iku wasis micara, malah wus mangkat methuk sira, lan samangsa ketemu klawan sira, bakal bungah atine.
15 Harun iku sira tuturana lan tembung-tembung mau dokoken ing cangkeme, dene Ingsun kang bakal ngereh cangkemira lan cangkeme Harun, sarta sira bakal Sunwulang apa kang perlu sira lakoni.