12 Harun lan para anak-anake sira ajokna menyang ing lawanging Tarub Pasewakan, padha sira sucekna klawan banyu.
13 Harun tumuli sira anggonana sandhangan suci, nuli sira jebadana lan sira sucekna supaya banjur nglakonana pagaweaning imam lumadi marang Ingsun.
14 Mangkono uga anak-anake padha sira ajokna lan sira anggonana kemejan,
15 nuli sira jebadana, kaya anggonira njebadi bapakne, supaya padha nindakna pagaweaning imam lumadi marang Ingsun; lan anggone iki katindakake iku, supaya marga saka jinebadan mau katetepna kaimamane ing salawase turun-tumurun.”
16 Nabi Musa banjur nglampahi kabeh kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah.
17 Bareng ing taun kang kapindho sasi kapisan, tanggal sapisan, Tarub Suci kelakon kaadegake.
18 Nabi Musa ngadegake Tarub Suci iku, ompak-ompake kapasang, blabag-blabage kaetrapake, kendhit-kendhite kapasang sarta cagak-cagake kaadegake.