29 Misbyah kurban obaran diprenahake ana ing sangarepe lawang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan, nuli nyaosake kurban obaran lan kurban dhaharan ana ing misbyah kono, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
30 Wadhahe banyu banjur kadokok ana ing saantarane Tarub Pasewakan lan misbyah, sarta banjur diiseni banyu kanggo sesuci.
31 Nabi Musa, Rama Harun lan para putrane padha wijik asta lan sampeyan klawan banyu iku.
32 Saben-saben arep lumebet ing Tarub Pasewakan lan samangsa nyelaki misbyah, padha wijik asta lan sampeyan kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.
33 Cagak-cagake plataran nuli kaadegake ing saubenge Tarub Suci lan misbyah, sarta gapura plataran iku banjur kapasangan klambu. Mangkono Nabi Musa anggone ngrampungake pagawean iku.
34 Sawuse mangkono megane nglimputi Tarub Pasewakan, sarta Tarub Suci banjur kinebekan ing kamulyaning Yehuwah,
35 temah Nabi Musa ora bisa lumebu ing Tarub Pasewakan, marga iku kalimputan ing mega, lan kamulyaning Yehuwah ngebeki Tarub Suci.