8 Sawuse mangkono sira gawea platarane mubeng, lan wranane kapasanga ana ing gapurane plataran.
9 Nuli sira njupuka lenga jebad, Tarub Suci dalah saisine padha sira jebadana; mangkono anggonira nucekake iku dalah sapirantine, satemah padha dadia sengkeran.
10 Misbyah kurban obaran iku iya sira jebadana dalah sapirantine kabeh, mangkono anggonira nucekake misbyah iku, temah iku dadi sengkeran kang pinunjul.
11 Padasan dalah saompake iku sira jebadana, lan mangkono anggonira nucekake iku.
12 Harun lan para anak-anake sira ajokna menyang ing lawanging Tarub Pasewakan, padha sira sucekna klawan banyu.
13 Harun tumuli sira anggonana sandhangan suci, nuli sira jebadana lan sira sucekna supaya banjur nglakonana pagaweaning imam lumadi marang Ingsun.
14 Mangkono uga anak-anake padha sira ajokna lan sira anggonana kemejan,