1 Sawuse mangkono Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon sarta matur: “Dhawuhipun Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun Israel makaten: Sira nglilanana umatingSun supaya padha menyang ing pasamunan nganakake riyaya konjuk marang Ingsun!”
2 Nanging pangandikane Sang Prabu Pringon: “Sapa ta Yehuwah iku, kang prentahe kudu sunestokake bab nglilani lungane wong Israel? Ingsun ora wanuh karo Yehuwah iku lan uga ora bakal nglilani lungane wong Israel.”
3 Ature Nabi Musa lan Rama Harun: “Gusti Allahipun tiyang Ibrani sampun manggihi kawula. Sapunika panjenengan dalem mugi karsaa nglilani kawula sami kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, supados kawula sampun ngantos kadhawahan ing pageblug utawi pedhang.”
4 Nanging Sang Nata ing Mesir ngandika: “He Musa lan Harun, yagene sira padha nindakake kang njalari bangsa iki banjur nglirwakake pagaweane? Lungaa, sira nglakonana pagaweanira dhewe!”
5 Pangandikane Sang Prabu Pringon maneh: “Delengen, cacahe bangsamu ana ing nagara kene wus akeh banget, mangka sira kok arep nglerenake anggone nyambut-gawe peksan!”
6 Ing dina iku uga Sang Prabu Pringon dhawuh marang para pambereging bangsa iku lan marang mandhor-mandhore wong-wong mau dhewe, mangkene: