17 Nanging pangandikane: “Sira iku wong kesed, wong kesed! Mulane ujarira: Kawula mugi sami kalilana kesah saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah.
18 Mulane saiki padha mundura! Nyambuta gawe, nanging merang ora bakal diwenehi, ewadene sira padha setora bata padha karo adat-sabene!”
19 Ing kono para mandhor Israel padha ngreti, yen pancen ana ing sajroning karibedan, marga padha dipangandikani: “Kowe padha ora kena ngurangi cacahe setoran bata saben dinane.”
20 Mulane bareng kapethuk Nabi Musa lan Rama Harun, kang padha nyegat undure saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon,
21 banjur padha matur mangkene: “Pangeran Yehuwah mugi nguninganana pandamel panjenengan sarta maringi paukuman dhateng panjenengan, margi panjenengan sampun sami ndadosaken bacin nama kula sadaya wonten ngarsanipun Sang Prabu Pringon saha para abdinipun, lan margi saking makaten panjenengan prasasat nyepengi lading dhateng tiyang-tiyang punika kangge mejahi kula.”
22 Nabi Musa banjur wangsul sowan marang ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, sarta munjuk: “Dhuh Pangeran, kados pundi dene Paduka nandukaken kasangsaran kados makaten dhateng umat punika? Punapaa dene kawula ingkang Paduka utus?
23 Awitdene wiwit sowan kawula ing ngarsanipun Sang Prabu Pringon, ngunjukaken atur atas asma Paduka, bangsa punika dipun etrapi ingkang awon, mangka Paduka babar-pisan boten ngluwari umat Paduka.”