1 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Wruhanira, sira iku Sunangkat dadi Allah tumrap Pringon, lan Harun kakangira, iku bakal dadi nabinira.
2 Sira ngucapna sabarang kang wus Sundhawuhake marang sira, lan Harun kakangira, kang banjur matur marang Pringon, supaya nglilanana wong Israel lunga saka ing tanahe.
3 Nanging Ingsun bakal mangkotake atine Pringon, lan Ingsun bakal ngakehake pratandha lan kaelokan ana ing tanah Mesir.
4 Manawa Pringon ora ngrungokake marang sira, ing kono Ingsun bakal ndhawahake astaningSun marang tanah Mesir sarta ngirid wadya-balaningSun, iya umatingSun Israel metu saka tanah Mesir, kalawan paukuman-paukuman kang abot.