18 ulam-ulam ingkang wonten ing benawi badhe sami pejah, benawinipun badhe ngganda bacin, sarta tiyang Mesir sami boten purun ngombe toya ing benawi Nil punika.”
19 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Sira ndhawuhana marang Harun mangkene: Tekenmu jupuken! Banjur ayatna marang sakehe banyu ing tanah Mesir, marang sadhengah kali, kalen-kalen, blumbang lan sadhengah panggonan banyu, supaya padha maliha dadi getih. Banjur bakal ana getih ing sawratane tanah Mesir, dalah ing sakehe wadhah kayu lan watu.”
20 Nabi Musa lan Rama Harun banjur ngestokake sadhawuhe Pangeran Yehuwah; tekene diacungake lan disabetake ing banyune bengawan Nil, ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon lan ing ngarepe para abdine, banyu kang ana ing bengawan Nil kabeh banjur malih dadi getih.
21 Iwak-iwak ing bengawan Nil padha mati, temahan bengawane mambu bacin lan wong Mesir ora bisa ngombe banyune bengawan Nil, sarta sawratane tanah Mesir kebak getih.
22 Nanging para juru sihir ing Mesir iya nindakake mangkono sarana japa-mantrane, temahan galihe Sang Pringon tetep wangkot lan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah.
23 Sang Prabu Pringon minger banjur kondur menyang ing kedhaton, lan ora maelu marang prakara mau.
24 Nanging sakehe wong Mesir padha ndhudhuk-ndhudhuk sakiwa-tengene bengawan Nil golek banyu kang kena diombe, marga banyune bengawan Nil ora kena diombe.