22 Nanging para juru sihir ing Mesir iya nindakake mangkono sarana japa-mantrane, temahan galihe Sang Pringon tetep wangkot lan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah.
23 Sang Prabu Pringon minger banjur kondur menyang ing kedhaton, lan ora maelu marang prakara mau.
24 Nanging sakehe wong Mesir padha ndhudhuk-ndhudhuk sakiwa-tengene bengawan Nil golek banyu kang kena diombe, marga banyune bengawan Nil ora kena diombe.
25 Kaya mangkono nganti kelakon ganep pitung dina, yaiku wiwit saka anggone Pangeran Yehuwah ndhawahi wewelak marang bengawan Nil.