5 Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun ngagagake astaningSun marang tanah Mesir lan ngentasake wong Israel saka ing satengahe.”
6 Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha ngestokake sadhawuhe Pangeran Yehuwah, iku ditindakake kabeh.
7 Anadene nalika iku yuswane Nabi Musa wolung puluh taun lan Rama Harun wolung puluh telu taun, ing nalikane padha munjuk marang Sang Prabu Pringon.
8 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun:
9 “Manawa Pringon akon marang sira: Sira nuduhna sawijining mukjijat, nuli sira ndhawuhana Harun: Jupuken tekenmu, lan uncalna ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon, nuli bakal malih dadi ula.”
10 Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sarta nindakake kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah. Rama Harun nguncalake tekene ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon lan ing ngarepe para abdine, tekene banjur malih dadi ula.
11 Sang Prabu Pringon tumuli nimbali para sarjana lan juru sihir, lan para ahli Mesir mau iya padha tumindak mangkono uga srana japa-mantrane.