1 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira sowana Sang Prabu Pringon lan matura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira nglilanana umatingSun padha lunga, supaya padha saos pangabekti marang Ingsun,
2 dene manawa sira tetep ora nglilani lungane, lah satlatahe tanahira bakal Sundhawahi wewelak kodhok.
3 Ing bengawan Nil bakal ana uyel-uyelaning kodhok, banjur padha mentas lumebu ing kadhatonira, tekan ing kamar turu lan paturonira, mangkono uga ing omahe para abdi lan kawulanira, dalah ing jero pawonira lan ing wadhah jladrenira.
4 Kodhok-kodhok iku bakal ngroyok sira lan para kawula lan abdinira.”
5 Sarta dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa maneh: “Sira ndhawuhana Harun: Tanganmu karo tekenmu acungna marang bengawan, kalen-kalen lan blumbang, supaya kodhok-kodhok padha metu mratani tanah Mesir.”