13 Pangeran Yehuwah nyembadani panyuwune Nabi Musa, kodhok-kodhok padha mati sirna saka ing omah-omah saka ing plataran lan saka ing pategalan.
14 Bathange banjur dikumpulake nganti ngundhung-ngundhung, satemah satanah kabeh ngganda bacin.
15 Nanging bareng Sang Prabu Pringon mirsa yen wus ora ana apa-apa, tetep mangkotake panggalihe, dadi ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.
16 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira ndhawuhana marang Harun: Tekenmu acungna lan sabetna ing lebuning bumi, ing kono lebune bumi iki bakal dadi lemud ana ing sawratane tanah Mesir kabeh.”
17 Banjur padha nindakake mangkono, Rama Harun ngacungake astane karo tekene, lan nyabet lebuning bumi, tumuli lemud-lemud padha ngroyok marang manungsa lan kewan. Sakehe lebuning bumi tanah Mesir padha dadi lemud.
18 Para ahli iya padha tumindak mangkono srana japa-mantrane sumedya metokake lemud, nanging padha ora bisa. Kaya mangkono lemud-lemud mau padha ngroyok manungsa lan sato-kewan.
19 Para ahli mau tumuli padha munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Punika astaning Allah.” Ewadene Sang Pringon isih puguh galihe, lan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.