9 Ature Nabi Musa marang Sang Prabu Pringon: “Kawula nyumanggakaken karsa panjenengan dalem, benjing punapa anggen kawula ndedonga kagem panjenengan dalem tuwin para abdi saha para kawula dalem, supados kodhok-kodhok punika katumpes sirna saking ngarsa dalem saha saking ing salebetipun griya-griya, namunga kantun ingkang wonten ing benawi Nil kemawon?”
10 Pangandikane Sang Prabu Pringon: “Sesuk!” Ature Nabi Musa: “Inggih, badhe kelampahan kados pangandika dalem, supados panjenengan dalem mirsaa, bilih boten wonten ingkang nyameni Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula.
11 Kodhok-kodhok badhe sirna saking ngarsa dalem, saking salebeting griya-griya, saking para abdi saha saking para kawula dalem, namung badhe manggen wonten ing benawi Nil kemawon.”
12 Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sarta Nabi Musa banjur nyebut marang asmaning Sang Yehuwah gegayutan karo kodhok-kodhok kang wus ditekakake ngebyuki Sang Prabu Pringon mau.
13 Pangeran Yehuwah nyembadani panyuwune Nabi Musa, kodhok-kodhok padha mati sirna saka ing omah-omah saka ing plataran lan saka ing pategalan.
14 Bathange banjur dikumpulake nganti ngundhung-ngundhung, satemah satanah kabeh ngganda bacin.
15 Nanging bareng Sang Prabu Pringon mirsa yen wus ora ana apa-apa, tetep mangkotake panggalihe, dadi ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.