25 AstaningSun bakal nglawan marang siraIngsun bakal damel tulening salakanira kalawan landha,sarta bakal nyingkirake sakehing timah saka ing sira.
26 Ingsun bakal mangsulake para hakimira kaya biyenlan para penasehatira kaya ing sakawit.Sawuse mangkono sira bakal kasebut kutha kaadilan,kutha kang setya.”
27 Sira bakal Sunluwari kalawan pangadilanlan para wonge kang mratobat bakal Sunluwari kalawan patrap kang bener.
28 Nanging para wong kang mbalela lan para wong kang nglakoni dosabakal kasirnakake bebarengansarta para wong kang ninggal Sang Yehuwah bakal padha katumpes.
29 Sanyata, sira bakal padha kawirangan marga saka wit-wit elahkang padha sira dhemeni,tuwin sira bakal padha kawirangan marga saka taman-tamaning dewakang padha sira pilih.
30 Amarga sira bakal padha kaya wit elahkang alum godhonge,lan kaya pakebonan kang kekurangan banyu.
31 Wong kang rosa banjur dadi kaya kapaslan panggawene dadi kaya geni sapelik;karo-karone bakal padha kobong barengsarta ora ana wong kang bisa nyirep.