1 He pulo-pulo, padha menenga lan ngrungokna marang Ingsun;para bangsa padha oleha kakuwatan anyar!Cikben padha nyedhak lan banjur munjuk:Ayo padha maju bebarengan lan prakaran!
2 Sapa kang ngobahake wong iku saka ing wetan,kang ngobahake wong kang saben tumindak mesthi unggul,kang nelukake para bangsa ana ing ngarepelan nglorod para raja?Pedhange njalari para raja mau dadi kaya lebusarta panahe marakake kaya damen kang didamoni.
3 Banjur mburu para raja mau sarta liwat ing dalankang durung tau diambah, kanthi slamet.
4 Sapa kang nglakoni lan nindakake iku kabeh?Panjenengane, kang wiwit biyen mula nimbali para turuning manungsa,Ingsun, Yehuwah, kang dhisik dhewe,tuwin tumrap para wong kang keri dhewe,Ingsun tetep Panjenengane iku uga.
5 Pulo-pulo padha sumurup lan banjur wedi,poncot-poncoting bumi padha gumeter;padha teka lan saya cedhak.
6 Padha tulung-tinulung lan celathu marang kancane:“Atimu sing tatag!”
7 Si pandhe nyantosakake si kemasan,kang nipisake logam kalawan palu nyantosakake atine kang nggembleng ing paron;lan banjur celathu marang si tukang patri: “Iku becik,”tuwin garapane nuli dikukuhake kalawan paku,supaya ora gonjang-ganjing.
8 Nanging sira, he Israel, abdiningSun,he Yakub, kang wus Sunpilih,turune Abraham, mitraningSun;
9 sira kang wus Sunpundhut saka ing poncot-poncoting bumisarta kang wus Suntimbali saka ing pojok-pojoke,Ingsun ngandika marang sira: “Sira iku abdiningSun,sira wus Sunpilih lan ora Suntampik”;
10 sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira,sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira.Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira;Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.
11 Lah sakehe wong kang nepsu marang sirabakal kawirangan lan nandhang kanisthan;para wong kang madoni sira bakal padha kayadene ora anatuwin bakal padha nemu karusakan;
12 sira bakal nggoleki wong-wong kang padha nglawan marang sira,nanging ora bakal ketemu;para wong kang merangi sira bakal kayadene ora analan tanpa guna.
13 Sabab Ingsun iki, Pangeran Yehuwah, Allahira,nyepeng tanganira tengen,tuwin ngandika marang sira: “Sira aja wedi,iya Ingsun iki kang mitulungi sira.”
14 Sira aja wedi, he si cacing Yakub,he si uler Israel!Iya Ingsun iki kang mitulungi sira,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah,lan nebus sira iku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.
15 Lah sira Sundadekake piranti pangrontogankang landhep lan anyar, kang ana untune rong larik;sira bakal ngrontogi gunung-gunung sarta iku bakal padha sira remuk,sarta tengger-tengger iya bakal sira dadekake kaya mrambut,
16 bakal padha sira tapeni, lan banjur padha kabur ing angin,tuwin bakal mawut dening prahara.Nanging sira iki bakal surak-surakawit saka Pangeran Yehuwahtuwin nggunggung-nggunggung marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.
17 Para wong kang sangsara lan kang miskinlagi padha golek banyu, nanging ora oleh,ilate padha garing marga kasatan;nanging Ingsun Yehuwah, bakal minangkani kabutuhane wong-wong mau,sarta sarehne jumeneng dadi Allahe IsraelIngsun ora bakal negakake wong-wong mau.
18 Ingsun bakal ndadekake tengger-tengger kang gundhul, padha ana kalinesarta tanah warata banjur ana sumber-sumbere;Ingsun bakal ndadekake ara-ara samun dadi telagatuwin tanah mati banjur metu banyune.
19 Ingsun bakal nanem wit eres ana ing ara-ara samun,wit sirah, wit jambu keling lan wit jaitun alas;Ingsun bakal damel thukule wit beros ana ing pasamunansarta wit berangan lan wit cemara ing sandhinge,
20 supaya kabeh wong padha ndeleng lan sumurup,nggatekake lan ngreti,manawa astane Sang Yehuwah kang karya iki kabehsarta Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel kang nitahake.
21 padha ngajokna prakaranira, mangkono Pangandikane Sang Yehuwah,mratelakna alasan-alasanira, mangkono pangandikane Sang Prabu, Gusti Allahe Rama Yakub.
22 Cikben padha maju lan martakake marang aku kabehapa kang bakal kelakon!Pameca kang biyen iku terangna apa tegese,supaya aku padha mikir-mikir,utawa bab-bab kang bakal kelakon, iku aku padha kandhanana,supaya aku padha nyumurupi kawusanane!
23 Mratelakna bab-bab kang bakal kelakon sawuse iku,supaya aku padha sumurup, manawa kowe kabeh iki nyata allah;padha tumindaka bae, becik apa ala,supaya aku padha ndeleng bebarengan kalawan gumun!
24 Kowe kabeh iku sanyatane kaya ora anaing panggawe-panggawemu iku tanpa isi;wong kang milih kowe iku nistha.
25 Ingsun wus ngobahake wong saka ing lor lan iku wus teka,Ingsun wus nimbali wong iku saka ing sisih pletheking srengenge kalawan nyebut jenenge.Kayadene kundhi ngiles-iles lempung,kaya mangkono anggone wong iku bakal ngidak-idak para kang nyekel pangwasa kaya endhut.
26 Sapa kang aweh sumurup bab iku wiwit ing sakawit, satemah aku banjur padha sumurup,lan wiwit biyen, satemah aku nuli padha mratelakake:“Apa bener wong iku?”Sanyatane ora ana knag aweh sumurup,ora ana wong kang ngabariora ana wong kang krungu tembung sakecap bae saka kowe.
27 Ingsun kang dhisik dhewe paring sumurup marang Sion,sarta Ingsun banjur ngintunake wong menyang Yerusalem kang nggawa kabar becik.
28 Manawa Ingsun mirsani mubeng, ora ana wong siji-sijia,lan panunggalaning wong kabeh iku ora ana kang bisa ngunjukake pituduh,utawa kang bisa ngaturake wangsulan manawa Ingsun ndangu marang wong-wong iku.
29 Wong iku nyata-nyata kaya-kaya padha ora ana,panggawe-panggawene tanpa isi,reca-recane cithakan iku angin lan tanpa guna.