Yesaya 18 JAV

Wangsit tumrap Etiopia

18:1-7

1 Bilai! Nagara kumrisiking swiwiing sabranging kali-kali ing tanah Etiopia,

2 kang ngirimake duta-duta ngliwati sagarakalawan prau-prau pandhan ngliwati lumahing banyu!Mangkata, he para utusan kang cukat,nemonana bangsa kang dhuwur dedege lan kang klimis pakulitane,golongan kang diwedeni ana ing ngendi-endiyaiku bangsa kang wulet lan ambek siya,kang nagarane ketrajang ing kali-kali!

3 He sakehing wong kang manggon i ing donya,he para wong kang manggon ing bumi!Samangsa gendera kaedegake ing gunung-gunung, padha delengen;samangsa kalasangka kaunekake, padha ngrungokna!

4 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku:“Ingsun bakal mirsani saka ing papan padalemaningSun kalawan ora ebah,kayadene hawa panas kang umob ing wektu panas gumemplang,kayadene pedhut ing panasing mangsa panen.”

5 Awit sadurunge ungsum wowohan,manawa wektune kembang wus kepungkur,lan dhompolaning pentil wus dadi woh anggur kang meh mateng,Pangeran Yehuwah bakal ngethoki pang-pange kalawan arit,lan carang-carange kakethokan lan kasingkirake.

6 Iku kabeh bakal ditinggal tumpukankanggo manuk galak ing pagunungan,lan kanggo kewan-kewan ing alas.Ing mangsa panas manuk-manuk galak bakal padha manggon ing konotuwin sakehe kewan ing alas ing mangsa bedhidhing.

7 Ing wektu iku uga pisungsung bakal dicaosake marang Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah dening bangsa kang dhuwur dedege lan klimis pakulitane lan dening bangsa kang ana ing ngendi-endia diwedeni, yaiku bangsa kang kakuwatane wulet lan ambek siya, kang nagarane ketrajang ing kali-kali, menyang ing padalemane Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah, yaiku gunung Sion.