1 Ing nalika iku Sang Prabu Merodakh-Baladan bin Baladan, ratu ing nagara Babil, utusan wong ngirimake layang lan atur-atur marang Sang Prabu Hizkia, amarga wus midhanget manawa Sang Prabu Hizkia kang maune gerah, wus senggang.
2 Sang Prabu rena ing panggalih ing bab pisowane para utusan mau, banjur padha ditedahi gedhong raja brana, anggi-anggi lan lengane kang adi, gedhong gegamaning perang kabeh lan samubarang kabeh kang ana ing pasimpenane. Ora ana barang kang ana ing kadhatone lan ing saindenging wewengkone pangwasane kang ora dikatingalake dening Sang Prabu Hizkia marang para utusan mau.
3 Nabi Yesaya banjur sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia lan munjuk pitakon: “Tiyang-tiyang punika sami munjuk punapa kemawon saha dhatengipun saking pundi?” Paring wangsulane Sang Prabu Hizkia: “Saking nagari ingkang tebih, saking Babil!”
4 Nuli munjuk pitakon maneh: “Punapa ingkang sampun dipun tingali wonten ing kraton dalem?” Sang Prabu Hizkia mangsuli, pangandikane: “Sadaya ingkang wonten ing kraton kula, sampun sami dipun tingali. Boten wonten barang ingkang boten kula tedahaken ingkang wonten ing pasimpenan kula.”
5 Nabi Yesaya tumuli munjuk marang Sang Prabu Hizkia: “Panjenengan dalem kawula aturi midhangetaken pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi!
6 Bakal tumeka ing wektune, samubarang kabeh kang ana ing kratonira lan kang kasimpen dening leluhurira nganti saprene iki, bakal padha diusungi menyang ing Babil. Ora ana barang kang ditinggal. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.
7 Lan turunira kang bakal mijil saka sira bakal ana kang kajupuk ing wong didadekake priyagung ana ing kratone ratu ing Babil.”
8 Sang Prabu Hizkia ngandika marang Nabi Yesaya: “Saestu sae pangandikanipun Pangeran Yehuwah ingkang panjenengan pratelakaken punika!” Nanging kang digalih: “Anggere sajege uripku kaanan rukun lan tentrem!”