Yesaya 35 JAV

Karahayon tumrap para umate Pangeran Yehuwah

35:1-10

1 Ara-ara samun lan palemahan mati bakal padha bungah,pasamunan bakal surak-surak lan metokake kembang;

2 bakal metu kembange akeh banget kaya kembang mawar,bakal surak-surak, bakal surak-surak lan sumyak-sumyak.Bakal kaparingan kamulyaning Libanonkaluhuraning Karmel lan Saron;bakal padha ndeleng kamulyaning Yehuwah,kaluhuraning Allah kita.

3 Tangan kang lemes lempe-lempe padha kuwatnalan dhengkul kang theklok pada santosakna.

4 Kandhaa marang para wong kang kuwatir atine:“Sing padha tatag, aja padha wedi!Lah Allahmu bakal rawuh arep paring piwaleslan ganjaraning Allah.Panjenengane piyambak kang rawuharep nguwalake kowe kabeh.”

5 Ing wektu iku mripate para wong wuta bakal padha kaelekake,lan kupinge para wong budheg bakal padha kabukak.

6 Ing wektu iku wong lumpuh bakal mlumpat-mlumpat kaya menjangan,tuwin cangkeme wong bisu bakal surak-surak;amarga ara-ara samun bakal metokake sumber,sarta pasamunan bakal ana kaline;

7 tanah pawedhen kang anget bakal dadi blumbang,lan tanah kang ngerak bakal dadi sumber;papan pandhodhotaning asu ajagbakal kathukulan tebu lan pandhan.

8 Ing kono bakal ana lurunge,kang bakal kaaranan Dalan Suci;wong kang najis ora bakal liwat ing konosarta para wong gemblung ora bakal padha kluyuran mrono.

9 Ing kono bakal ora ana singane,kewan galak ora bakal saba mronotuwin ora bakal tinemu ana ing kono;mung para wong kang wus padha kaluwarankang bakal padha lumaku ing kono,

10 lan para wong kang wus kauwalandening Pangeran Yehuwah kang bakal padha mulihtuwin lumebu ing Sion kalawan surak-surak,kanthi kapenuhan ing kabungahan kang langgeng;bakal padha kebak ing kasenengan la sukarena,kasusahan lan pasambat bakal padha ngedoh.