1 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:Sira padha netepana angger-angger lan njejegna kaadilan,awit sadhela engkas karahayonkang saka Ingsun wus bakal teka,sarta kaadilaningSun bakal kalairake.
2 Rahayu wong kang nglakoni,lan anaking manungsa kang nggondheli iku,kang netepi dina Sabat lan ora dinajisake,sarta kang mekak awake aja nganti nindakake sadhengaha piala.
3 Aja nganti wong bangsa liyan kang rumaket marang Pangeran Yehuwah iku celathu:“Pangeran Yehuwah mesthi bakal misah aku saka umate,”sarta aja nganti wong kebiren muni:“Aku iki satemene wit kang garing.”
4 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Para wong kebiren kang padha netepi dina-dina SabatingSunlan kang padha milih apa kang Sunkarsakakesarta kang gondhelan marang prajanjianingSun,
5 iku ana ing padalemaningSunlan ana ing wewengkoning tembok-tembokingSunbakal Sunparingkae tandha pengetan lan jeneng-- iku luwih becik katimbang karo anak lanang utawa wadon, --sawijining jeneng kang langgeng kang ora bakal sirnabakal Sunparingake marang wong-wong iku.
6 Anadene para wong bangsa liyan kang rumaket marang Pangeran Yehuwahprelu ngladosi Panjenengane,lan nresnani asmaning Sang Yehuwahsarta sumedya ngabdi marang Panjenengane,kabeh kang netepi dina Sabat lan ora najisake,tuwin kang gondhelan marang prajanjianingSun,
7 iku bakal Sunbekta menyang ing gunungingSun kang sucilan bakal Sunparingi kabungahan ana ing dalem-pamujaningSun.Ingsun bakal karenan marang kurban-kurbane obaran lan sembelehankang kacaosake ana ing misbyahingSun,awit padalemaningSun bakal sinebutdalem-pamujan tumrap sakabehe bangsa.
8 Mangkene pangandikane Pangeran Allahkang nglempakake para wong Israel kang kabuwang:Ingsun bakal nglempakake wong manehSunwewahake marang para wong kang wus padha tetunggalan.”
9 He sakehe kewan ing ara-ara,he sakehe kewan ing alas,padha mrenea lan padha mangana!
10 Awit para kang ngawat-awati umatingSun iku wong wuta,kabeh padha ora ngreti apa-apa;kabeh iku asu bisu,kang ora bisa njegug;padha keklemprakan kalawan ngalamunsarta mung padha seneng turu bae;
11 asu-asu kang srakah,kang ora tau krasa wareg.Mangka iya wong-wong iku kang padha dadi pangon,kang padha ora bisa neniteni!Padha lumaku ing dalane dhewe-dhewe kabeh,siji-sijine padha mburu kauntungan,ora ana kang ora mangkono.