1 Bangsa kang lumaku ing pepeteng wus sumurup pepadhang gedhe;wong kang padha manggon ing nagara kang peteng ndhedhetwus padha kaplethekan pepadhang.
2 Paduka sampun nuwuhaken surak mawurahan,saha kabingahan ingkang ageng.Tiyang-tiyang sami abingah-bingah wonten ing ngarsa Paduka,kadosdene bingahipun tiyang ing mangsa panen,kadosdene surak-surakipun tiyang nalika mbage rayahan.
3 Awit pasangan ingkang mlindersaha rembatan ingkang wonten ing pundhakipunsarta penthungipun tiyang ingkang nindhessampun Paduka tugel kados nalika kawonipun Midian.
4 Sabab saben sepatu prajurit ingkang gedrag-gedrugtuwin saben jubah ingkang kuthah rahbadhe dados mangsaning latu.
5 Amarga ana Bayi kang wus miyos kanggo kita,ana Putra kang wus kaparingake marang kita,lambanging paprentahan ana ing pamidhangane,lan asmane sinebut: Penasehat Elok,Gusti Allah kang prakosa,Rama kang Langgeng, Ratuning Katentreman.
6 Gedhe pangwaose,tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasanana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane,awit iku kadhasarake lan kasantosakakekalawan kaadilan lan kabeneranwiwit saiki nganti ing salawas-lawase.Adrenging panggalihe Pangeran YehuwahGustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.
7 Pangeran wus paring pangandika marang Rama Yakub,lan pangandikane iku tumempuh marang Israel.
8 Sabangsa kabeh cikben sumurup,yaiku Efraim lan kang manggon ing Samaria,kang celathu kalawan angkuh lan lumuhur-luhur:
9 “Pagere bata ambruk,kita arep ngedegake pager watu tatahan;wit sikmah padha ditegori,bakal kita salini wit eres.”
10 Sang Yehuwah nuli nglurugake para panggedhening wadya-bala Rezin,lan ngangkatake para mungsuhe:
11 Wong Aram saka ing Wetan, tuwin wong Filisti saka ing kulon,iku padha nguntal Israel kalawan cangkeme kang amba.Sanadyan iki mau kelakon kabeh, dukane durung mendha,sarta astane isih kaagagake.
12 Ewasamono bangsa iku ora bali marang Panjenengane kang ngrangket,lan ora ngupaya marang Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah.
13 Mulane Pangeran Yehuwah banjur ngethok endhase lan buntute Israel,wite lan pange bareng sadina.
14 Para pinituwa lan para wong kang kajen keringan iku endhase,dene nabi kang goroh iku buntute.
15 Amarga wong-wong kang padha ngirid bangsa iki iku juru panasaran,lan wong-wong sing diirid iku dadi kisruh.
16 Marga saka iku Pangeran ora rena ing bab para nom-nomane,lan ora welas marang anak-anake lolalan marang para randhane,amarga wong iku kabeh padha murtad lan nindakake panggawe ala,sarta saben cangkem pangucape gemblung.Sanadyan iki kabeh kelakon, dukane durung mendha,tuwin astane isih kaagagake.
17 Amarga duraka iku murub kaya genikang mangsa piskucing lan suket nganti entek,banjur ngobong kekayon ing alas,nganti kukuse kumelun mumbul.
18 Marga saka dukane Sang Yehuwah Gustine sawra tumitah,tanah iku kobong,tuwin bangsa iku dadi mangsane geni;ora ana wong siji-sijia kang melasi sadulure.
19 Padha ngemplok manengen, nanging isih luwe,padha ngemplok mangiwa, nanging durung wareg,saben wong mangan daginge kancane: