Yesaya 16 JAV

1 Wong-wong padha ngirimake cempemarang pamarentahing nagara,saka ing Sela ngliwati pasamunanmenyang ing gununge putri Sion.

2 Kaya manuk kang mabur lunga,lan isining susuh kang kagusah,kaya mangkono anake wadon Moabing pasabrangan-pasabranganing kali Arnon.

3 “Menehana pitutur,nggegegana wewenang,dadia pangeyuban kang edhuming wayah tengange;wong-wong kang kabuwang padha umpetna,aja medharake bab wong kang padha keplayu!

4 Para wong kang kabuwang saka ing Moabcikben padha mondhok ing panggonanmu,dadia papan pandhelikane wong-wong ikutumrap kang arep nyirnakake!Samangsa pangroda-peksa wus ora ana,pangrusak wus kapungkurlan wong ambek siya wus sirna saka ing nagara,

5 banjur ana dhampar kang bakal kaadegake marga saka sih-kadarmanlan iku bakal tansah dilenggahi ana ing tarube Sang Prabu Dawuddening sawijining hakim kang njejegake kaadilan,lan kang enggal-enggal nindakake kabeneran.”

6 Aku wus padha krungu bab angkuhe Moab,pancen angkuh banget iku,bab kumlungkunge, angkuhe lan sumengite,sarta anggone ngoceh kang ora bener.

7 Mulane cikbene wong Moab ngadhuh-adhuh,kang siji marga saka sijine, cikbenkabeh padha ngadhuh-adhuh.Marga kelingan marang kuwih kismis saka ing Kir-Haresetcikben padha sesambat lan remuk babar pisan!

8 Amarga kebon-kebon ing Hesybon lan wit anggur ing Sibmawus padha nglayung;para kang nyekel pangwasa tumrap bangsa-bangsawus padha mbabadi wit-wite anggur kang becik dhewe,kang biyen ngembyah tekan ing Yaezerlan mrambat tekan ing pasamunan;pang-pange pating tlolortekan ing sabranging sagara.

9 Mulane aku melu nangis kaya Yaezermarga saka wit anggur ing Sibma mau;kowe arep daktelesi kalawan eluhku,he Hesybon lan Eleale,amarga ing mangsa ketiga trep ing mangsa panenmungsuhmu nempuh kalawan alok perang.

10 Wus sirna kabungahan lan surak-suraksaka ing kebon wowohan;wus ilang saka ing kebon-kebon anggurswara giyak-giyak lan surak-surak;wus ora ana kang ngidak-idak ing papan pameresan,anggone sumyak-sumyak wus leren.

11 Awit saka iku kaya dene cumengkling ing clempung,iya kaya mangkono panjeriting atiku ndeleng kaanane Moab,lan batinku rontog nyumurupi kaanane Kir-Heres.

12 Mulane sanadyan Moab ngibadahlan dilabuhi ngrekasa banget ana ing tengger pangurbananlan lumebu ing pasucene prelu ndedonga,ora bakal oleh apa-apa.

13 Yaiku pangandika kang kalairake dening Sang Yehuwah bab Moab ing wektu kepungkur.

14 Mulane saiki Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: “Ing sajroning telung taun, manut wektu panyambut-gawene prajurit opahan, kamulyane Moab kalawan karameane kang gedhe, bakal dadi cecamahan, lan wong kang kari bakal sethithik banget lan ora kwasa.”