1 Ing nalika samana Sang Prabu Hizkia kecandhak gerah nganti meh seda. Nabi Yesaya putrane Sang Amos nuli sowan marang ing ngarsane sarta munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira menehana piweling-piweling kang wekasan marang brayatira, awit sira bakal mati, ora bakal waras maneh.”
2 Sang Prabu Hizkia tumuli ngengokake wadanane marang tembok sarta ndedonga marang Sang Yehuwah,
3 unjuke: “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngengeti anggen kawula sampun gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya tuwin tulusing manah sarta anggen kawula sampun nindakaken punapa ingkang sae tumrap ing paningal Paduka.” Sawuse mangkono Sang Prabu Hizkia banjur muwun kepati-pati.
4 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Yesaya:
5 “Sira mangkata lan matura marang Hizkia: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Sang Prabu Dawud, leluhur dalem: Pandonganira wus Sunpiyarsakake lan eluhira wus Sunpirsani. Lah Ingsun bakal mewahi umurira limalas taun,
6 sarta Ingsun bakal ngluwari sira lan kutha iki saka ing tangane ratu ing Asyur tuwin bakal mageri kutha iki.
7 Iki kang bakal dadi pratandha saka ing Pangeran Yehuwah tumrap sira, yaiku manawa Sang Yehuwah bakal nindakake apa kang wus kajanjekake.
8 Lah ayang-ayanganing piranti pituduh srengenge gaweane Akhas bakal Sunundurake sapuluh tapak saka kang wus diliwati.” Ing kono piranti mau iya nuli nuduhake mundure srengenge sapuluh tapak saka kang wus dilakoni.
9 Anggitane Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, sawuse gerah lan wus senggang anggone gerah:
10 Aku iki wus kandha: Umurku lagi separoaku kok kepeksa kudu lunga;ing saluwihe umurku ikuaku katimbalan menyang ing gapuraning jagade wong mati.
11 Aku pratela: aku ora bakal ndeleng Sang Yehuwah maneh ana ing nagarane wong urip;aku ora bakal ndeleng wong siji-sijia manehana ing satengahe para kang manggon ing donya.
12 Pondhok kang dakenggoni kabubrah lan kabukakkayadene tarubing pangon;kaya tukang tenun kang nggulung tenunaneanggonku mungkasi uripku;Pangeran Yehuwah ngethok nyawaku saka ing benanging urip.Wiwit siyang ngantos dalu Paduka ngendelaken kawula makaten kemawon.
13 Aku sesambat nyuwun tulung nganti esuk;kayadene singa, iya mangkono iku anggone Sang Yehuwah ngremuk sakehing balungku;wiwit siyang ngantos dalu Padukangendelaken kawula makaten kemawon.
14 Kayadene manuk sriti, iya mangkono iku anggonku cat-cit,swaraku kethekur-kethekur kaya swaraning manuk dara.Mripatku kaya-kaya nganti entek marga saka anggonku tumenga ing ngaluhur,dhuh Pangeran, kawula sinangsara;Paduka mugi karsaa dados tanggelan tumrap kawula!
15 Apa ta kang bakal dakaturake lan dakucapake ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah;rak Panjenengane ta kang tumindak mangkono?Aku babar pisan ora bisa turumarga saka paiting kasusahanku iku.
16 Dhuh Pangeran, inggih margi saking makaten punika manah kawula ngantos-antos dhumateng Paduka;Paduka mugi karsaa nemtremaken roh kawula,karsaa nyarasaken kawula, karsaa maluyakaken kawula!
17 Kasisahan ingkang pait punika sanyata dados kawilujengan kawula;Paduka ingkang njagi nyawa kawula supados boten kacemplung ing luwenging karisakan.Amargi Paduka sampun mbucal sakathahing dosa kawulangantos tebih saking ing ngarsa Paduka.
18 Awit jagading tiyang pejah boten saged ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka,sarta pejah boten saged ngalembana Paduka;tiyang ingkang sami tumurun ing luwangan kuburanboten ngantos-antos dhateng ing kasetyan Paduka.
19 Nanging namung tiyang ingkang gesang, punika ingkang ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka,kados kawula ing dinten punika;bapa badhe suka sumerep bab kasetyan Padukadhateng anak-anakipun.
20 Pangeran Yehuwah wus rawuh paring kaslametan marang aku!Aku arep padha ngunekake clempung,ing salawase uripana ing padalemane Sang Yehuwah.
21 Nabi Yesaya tumuli ngandika: “Cikben dipundhutake kuwih woh anjir banjur kapopokna ing memalane, supaya senggang!”
22 Sadurunge iku Sang Prabu Hizkia wus ngandika: “Punapa tandhanipun, manawi kula badhe lumebet ing padalemanipun Pangeran Yehuwah?”