Yesaya 24 JAV

PAMECA BAB WEKASANING JAMAN

Bumi kalebur

24:1-23

1 Lah bumi bakal didadekake suwung dening Sang Yehuwahlan bakal kalebur,lemahe bakal kawalik,sarta kang manggon bakal padha kabuyarake.

2 Nasibing imam bakal kaya rakyat,nasibing lurah bakal kaya batur lanang,nasibing lurahe wadon bakal kaya batur wadon,nasibing wong kang adol bakal kaya kang tuku,nasibe wong kang nyilihake bakal kaya kang nyilih,nasibe wong potang bakal kaya kang utang.

3 Bumi bakal kadadekake ludhes babar pisan,lan bakal dijarah-rayah entek-entekan,awit Sang Yehuwah kang ngandika mangkono.

4 Bumi katon susah alum,malah jagad banjur nglayung layu,langit lan bumi nglayung bebarengan.

5 Bumi dadi najis marga saka kang ngenggoni,amarga padha nglanggar angger-angger,ngowahi katetepan lan nyelaki prajanjian kang langgeng.

6 Mulane bumi bakal kamangsa ing ipat-ipat,lan kang ngenggoni bakal oleh paukuman;awit saka iku kang ngenggoni bumi bakal geseng sirna,lan manungsa bakal mung kari sathithik.

7 Anggur ora gawe bingar maneh,wite anggur nglayung,lan sakehe wong kang bungah atine bakal sesambat.

8 Swaraning trebang kang gambira wus leren,ramene wong kang sumyak-sumyak wus sirep,lan swaraning clempung kang girang wus leren.

9 Wong kang ngombe anggur ora kalawan kekidungan maneh,arak dadi pait tumrap wong kang ngombe.

10 Kutha kang kisruh kaanane wus lebur,saben omah wus tutupan ora kena dileboni.

11 Wong padha njerit ana ing dedalan awit ora ana anggur,sakehing kasenengan wus sirna,gambiraning bumi wus ilang.

12 Kang tinemu ana ing kutha mung karusakan,gapurane wus kagempur lan jugrug.

13 Amarga iki bakal kelakon ana ing bumi,ana ing satengahe para bangsa,yaiku kaya ing nalika wong ngerog woh jaitun,kaya ing nalika ngasag ing sarampunging panen anggur.

14 Wong-wong padha surak-surak sora,marga saka kaluhurane Sang Yehuwah,padha nguwuh-uwuh seru saka ing sisih kulon:

15 “Mulane Pangeran Yehuwah kamulyakna ana ing nagara-nagara wetanan,asmane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel,ana ing tanah-tanah ing sapinggiring sagara!”

16 Saka ing poncoting bumi aku padha krungu kekidungan:“Kamulyan kagem Kang Mahaadil!”Nanging aku celathu: “Aku kuru nglayung,kuru nglayung aku. Bilai aku!Sabab para panggarong padha nggarong,malah tanpa leren anggone nggarong!”

17 He para kang manggon ing bumi,kowe bakal padha ketaman ing pagiris,bakal padha kecemplung ing luweng lan kena ing kala jiret.

18 Ing kono sing sapa lumayu marga saka swara kang ngagetake ikubakal kecemplung ing luweng,lan kang munggah saka ing luwengbakal kena ing kala jiret.Amarga cendhela-cendhelaning langit bakal padha kawengakakelan dhasar-dhasaring bumi bakal padha gonjing.

19 Bumi remuk bubuk,bumi gempur ajurbumi gonjang-ganjing.

20 Bumi sempoyong-sempoyong kaya wong mendemlan gonjing kaya gubug katiyup ing angin;dosaning pambalelane tumempuh nggegirisi,mulane banjur rubuh lan ora bakal ngadeg maneh.

21 Ing nalika iku Pangeran Yehuwah tumuli bakal ngukumwadya-balaning langit ing langitlan para ratuning bumi ing bumi.

22 Iku bakal padha kaklumpukake bebarengan,kayadene tahanan kang kalebokake ing luweng;bakal padha kalebokake ing pakunjaranlan bakal padha kaukum sawuse antara lawas.

23 Rembulan purnama bakal rumangsa isin,lan srengenge kang panase ngedab-edabi bakal nandhang wirang,amarga Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngasta paprentahanana ing gunung Sion lan ing Yerusalem,sarta bakal ngatingalake kamulyaneana ing ngarepe para pinituwane umate.