3 Sapi wanuh marang kang duwenanging Israel ora;kuldi sumurup marang pamakanan kang kasedhiyakake dening bendarane,nanging umatingSun ora mangreti.”
4 Bilai bangsa kang dosa,golongan kang kabotan durakaturune wong ala,bocah-bocah kang tumindak ora becik!Iku padha ninggal Sang Yehuwah,padha ngala-ala marang kang Mahasuci,Gusti Allahe Israel,tuwin ngungkurake Panjenengane.
5 Kowe kepengin digitiki maneh ing ngendi,kowe kang padha mbangetake pamurtadmu?Sirahe wus lara kabeh,lan atine wus lungkrah lesu kabeh.
6 Wiwit ing tlapakan tumeka ing sirahora ana kang waras,abuh lan babak-belur sarta tatu anyar,ora diplothoti lan ora diblebedi,tuwin ora dilengani.
7 Nagaramu dani sepi mamring,kutha-kuthamu padha kobong nganti entek;pametuning bumimu diapngan ing bangsa liya ana ing ngarepmu.Sepi mamring nagara iku kayadenedibosah-basihake dening bangsa liya.
8 Putri ing Sion kari ijen,kayadene gubug ing pakebonan anggurkaya cakruk ing kebon timunlan kaya kutha kang kinepung.
9 Saupama Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitahora ngarekake sathithik kanggo kita wong kang padha oncat,kita wus padha kaya Sodomlan padha kaya Gomora.