Yesaya 10:13-19 JAV

13 Amarga wus ngucap:“Aku tumindak kaya mangkono iku kalawan kakuwataning tangankutuwin kalawan kawicaksananku,amarga kau duwe akal budi.Aku wus ngilangi wates-watese ing antarane para bangsa,sarta wus ngrampas pasadhiyan-pasadhiyane;kalawan kakuwatan anggonkeu wus nglorodpara wong kang lungguh ing dhampar.

14 Kayadene susuhing manuk,iya mangkono iku anggonku wus ngrayud kasugihane para bangsa,sarta kaya wong kang ngrakup endhog-endhogkang ditinggal dening kang ngendhog,kaya mangkono anggonku ngrayud salumahing bumi,lan siji bae ora ana kang ngobahake swiwine,tuwin kang ngangapake cucuke utawa kang cuwit-cuwit.”

15 apa ana wadung kang ngatonake gumunggunge marang wong kang nganggo,utawa graji kang ngegungake dhiri ana ing sangarepe kang nganggo?Lah kok kaya gada kang ngobahake wong kang nyolahake,lan kaya teken kang ngangkat wonge kang dudu kayu!

16 Awit saka iku Pangeran, Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah,bakal damel wong-wonge kang gothot dadi padha kuru aking,lan sakehing kasugihane bakal kaobong nganti entek,kalawan geni kang mulad-mulad.

17 Padhanging Israel banjur bakal dadi geni,lan Gusti Allahe, Kang Mahasuci bakal mulad-muladtuwin bakal ngobong lan mangsa piskucing lan sukete nganti enteking sajroning sadina uga.

18 Kaendahane alas ing Asyur lan kebone wowohanbakal kamangsa nganti entek, wiwit delege nganti pang-pange,satemah bakal dadi kaya wong lara kang nglayung nganti mati;

19 anadene kekarene wit-witan ing alasekehe bakal kena kaetung,nganti bocah bae bisa nyatheti.