2 kanggo ngalang-ngalangi para wong sekeng anggone ngupaya kaadilanlan kanggo ngrebut wewenange para wong sangsara kang ana ing satengahe umatingSun,supaya padha bisa ngrampas barang darbeke para randha,tuwin bisa njejarahi bocah yatim!
3 Apa kang bakal padha sira alkoni ing dina paukuman,lan ing wektu tekane kasangsaran kang adoh sangkane?Sira bakal padha lumayu njaluk tulung marang sapa,sarta kasugihanira bakal sira tinggal ana ngendi?
4 Sira ora bisa tumindak apa-apa kejaba mung njingkrung ana ing satengahe wong-wong kang kinepung,sarta tiwas ana ing satengahe para wong kang pinatenan!Sanadyan iki kelakon kabeh, dukane Sang Yehuwah durung mendha,lan astane isih kaagagake.
5 Bilai Asyur, kang dadi cambuking dukaningSunlan kang dadi gitiking bebenduningSun!
6 Iku bakal Sunutus nglawan bangsa kang murtad,tuwin bakal Sundhawuhi nglawan umat lesaning dukaningSun,supaya ngrerampas lan njarah-rayah,sarta supaya ngidak-idak bangsa mau kaya blethok ing lelurung.
7 nanging dheweke dhewe karepe ora mangkonolan ora mangkono rancanganing atine,anadene niyate atine arep numpestuwin nyirnakake bangsa pirang-pirang.
8 Amarga pangucape:“Para panggedhening wadya-balaku rak raja-raja kabeh?