27a Ing wektu iku momotan kang ditumpangake ing pundhakira dening bangsa mau, bakal kabuwang, lan pasangan kang kaetrapake ing gulunira bakal ilang.”
27b Asyur wus jumedhul saka ing Rimon
28 lan wus nempuh Ayat;sarta wus ngliwati Migron,tuwin nata gegawane ana ing Mikhmas.
29 Wus padha liwat ing jurang panyabrangan, kalawan nguwuh:“Geba iku papan panginepan kita!”Kang manggon ing Rama padha gumeter,kang manggon ing Gibea-Saul padha mlayu.
30 Jerit-jerita, he putri Galim!Gatekna, he Laisya!Wangsulana, he Anatot!
31 Kang manggon ing Madmena lumayu adoh,wong Gebim lunga ngungsi.
32 Dina iki uga Asyur bakal leren ing Nob,ngacung-acungake tanganemarang gununge putri Sion,tenggere Yerusalem.