27b Asyur wus jumedhul saka ing Rimon
28 lan wus nempuh Ayat;sarta wus ngliwati Migron,tuwin nata gegawane ana ing Mikhmas.
29 Wus padha liwat ing jurang panyabrangan, kalawan nguwuh:“Geba iku papan panginepan kita!”Kang manggon ing Rama padha gumeter,kang manggon ing Gibea-Saul padha mlayu.
30 Jerit-jerita, he putri Galim!Gatekna, he Laisya!Wangsulana, he Anatot!
31 Kang manggon ing Madmena lumayu adoh,wong Gebim lunga ngungsi.
32 Dina iki uga Asyur bakal leren ing Nob,ngacung-acungake tanganemarang gununge putri Sion,tenggere Yerusalem.
33 Lah Pangeran, Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitahbakal nyembali pang-pang wit kalawan kakuwatan kang nggegirisi;kang thukule dhuwur-dhuwur bakal ditegor,lan kang munggul mandhuwur bakal padha dicendhekake.