1 Wangsit kang tumuju marang Babil kang kaparingake marang Nabi Yesaya, putrane Sang Amos.
2 Masanga gendera ana ing gunung kang gundhul,nguwuh-uwuha marang para wong iku kalawan swara sora;ngawe-awea supaya iku padha lumebuing gapura-gapurane para wong luhur!
3 Ingsun iki wus paring dhawuh marang para wong kang Sunsucekake,wus nimbali para wongingSun kang prakosasupaya matrapi paukumaning bebenduningSun,marang para wongingSun, kang padha suka-suka lan gumunggung.
4 Ana swara rame ing gunung-gunung,kaya swaraning kumpulaning wong kang akeh cacahe!Swara gumuruhing karajan-karajan,lan bangsa-bangsa kang padha nglumpuk!Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitahlagi niti-priksa wadya-bala perang.
5 Iku padha teka saka ing nagara kang adoh,malah saka ing poncoting langit,yaiku Sang Yehuwah lan kang nibakake dedukanearep padha ngrusak saindenging bumi.
6 Padha ngadhuh-adhuha, sabab dinane Sang Yehuwah wus cedhak,tekane iku kayadene pangrusak saka Kang Mahakwasa.
7 Awit saka iku sakehing tangan bakal dadi lemes,lan atine saben manungsa bakal luluh,