12 Ingsun bakal damel aranging wong ngungkuli emas tuwa,lan aranging manungsa ngungkuli emas Ofir.
13 Mulane Ingsun bakal damel gumetering langit,lan bumi bakal gonjing ngalih saka ing panggonane,yaiku ing wektu bebendune Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah,lan ing dina dedukane kang mulad-mulad.
14 Kayadene kidang kang kaoyak-oyaklan kayadene wedhus kang ora diengon,kaya mangkono wong-wong bakal padha noleh marang bangsane dhewe-dhewe,lan padha lumayu marang nagarane dhewe-dhewe.
15 Saben wong kecandhak bakal disuduk,lan saben wong kang kecekel bakal ambruk mati dening pedhang.
16 Bayi-bayine bakal padha karemukana ing ngarepe,omah-omahe bakal padha karampoglan bojo-bojone bakal padha diwori turu.
17 Lah Ingsun nglurugake wong Madai nglawan marang wong-wong mau,wong-wong kang ora padha mredulimarang salaka lan ora seneng marang emas.
18 Panah-panahe bakal nembus para wong enom;wong-wong mau padha ora bakalwelas marang wohing wetengan,lan ora padha welas marang bocah-bocah.