13 Mulane Ingsun bakal damel gumetering langit,lan bumi bakal gonjing ngalih saka ing panggonane,yaiku ing wektu bebendune Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah,lan ing dina dedukane kang mulad-mulad.
14 Kayadene kidang kang kaoyak-oyaklan kayadene wedhus kang ora diengon,kaya mangkono wong-wong bakal padha noleh marang bangsane dhewe-dhewe,lan padha lumayu marang nagarane dhewe-dhewe.
15 Saben wong kecandhak bakal disuduk,lan saben wong kang kecekel bakal ambruk mati dening pedhang.
16 Bayi-bayine bakal padha karemukana ing ngarepe,omah-omahe bakal padha karampoglan bojo-bojone bakal padha diwori turu.
17 Lah Ingsun nglurugake wong Madai nglawan marang wong-wong mau,wong-wong kang ora padha mredulimarang salaka lan ora seneng marang emas.
18 Panah-panahe bakal nembus para wong enom;wong-wong mau padha ora bakalwelas marang wohing wetengan,lan ora padha welas marang bocah-bocah.
19 Lan Babil, kang dadi kaendahaning para karajan,rerengganing wong Kasdim kang linuwih,bakal padha kaya Sodom lan Gomorayaiku samangsa padha kaobrak-abrik dening Gusti Allah: