7 Awit saka iku sakehing tangan bakal dadi lemes,lan atine saben manungsa bakal luluh,
8 sarta wong-wong bakal padha kaget.Lara mules lan lara nguwat bakal tumempuh marang wong-wong mau,padha ngolang-ngaling kaya wong wadon nglarani.Bakal padha pandeng-pandengan kalawan kaebatan,raine padha kaya wong kang lara kadhemen.
9 Dinane Sang Yehuwah pranyata rawuh tanpa welas,kalawan bebendu lan deduka kang mulad-mulad,arep damel sepi mamringing bumiarep nyirnakake wong-wong ing kono kang padha agawe dosa.
10 Sabab lintang-lintang lan golongane ing langitbakal ora padha nyunarake cahyane;srengenge bakal dadi peteng nalika mlethek,lan rembulan ora bakal nyorotake sunare.
11 Ingsun bakal males pialane donya,lan kaluputane wong duraka;gumunggunging wong-wong kang kumawani bakal Sunuwisi,sarta kumlungkunge para wong ambek siya bakal Sunendhakake.
12 Ingsun bakal damel aranging wong ngungkuli emas tuwa,lan aranging manungsa ngungkuli emas Ofir.
13 Mulane Ingsun bakal damel gumetering langit,lan bumi bakal gonjing ngalih saka ing panggonane,yaiku ing wektu bebendune Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah,lan ing dina dedukane kang mulad-mulad.