1 Amarga Pangeran Yehuwah bakal paring sih-kawelasan marang Yakub lan bakal milih Israel maneh lan bakal marengake padha dedunung ana ing tanahe, banjur wong bangsa liya bakal padha awor lan manunggal karo tedhake Rama Yakub.
2 Bangsa-bangsa liya bakal padha ngeterake Israel mulih menyang ing panggonane, turune Israel banjur bakal ndarbeni bangsa-bangsa iku kadadekake batur lanang lan batur wadon ana ing tanahe Pangeran Yehuwah. Kaya mangkono dadine bakal padha nawan wong-wong kang maune padha nawan sarta bakal ngwasani kang maune padha nindhes.
3 Ing dinane Sang Yehuwah mungkasi kasangsaranmu lan kabingunganmu sarta anggonmu padha nindakake pagawean kanthi peksan kang abot kang kudu padha koktindakake,
4 ing kono kowe bakal nglairake pamoyok tumrap ratu ing Babil lan celathu:“Wah, wus tumeka ing wekasane wong kang nindhes,wus tumeka ing wekasane wong kang ambek siya iku!
5 Pangeran yehuwah wus mutung gitike para wong duraka,tuwin gadane para wong kang ngereh,