13 Kowe kang maune ngunandika:Aku arep munggah menyang ing langit,aku arep ngedegake dhamparkuana ing sadhuwure lintang-lintange Gusti Allah,lan aku arep lungguh ing gununging pasamuwan,ing sisih lor adoh.
14 Aku arep mumbul nganti ngungkuli mega,arep madhani Kang Mahaluhur!
15 Nanging kosok baline, kowe kaudhunake menyang ing panggonankang jero dhewe ing luwanging kuburan.
16 Wong-wong kang ndeleng kowebakal padha nggatekake lan mandeng kowe kalawan ngucap:Apa iki kang wus gawe gumetering bumi,lan kang nggoncangake karajan-karajan,
17 kang wus ndadekake jagad kaya pasamunan,lan kang nglebur kutha-kuthane,kang ora ngulihake para wong tawanan?
18 Sakehe tilas ratune para bangsapadha sumare kalawan mulya,ana ing astanane dhewe-dhewe.
19 Nanging kowe iki wus kabuwang,adoh saka ing pakuburanmu,kayadene trubusan kang nggegilani,kang katutupan ing mayite para kang sinuduk ing pedhanglan ambruk tumiba ing watu-watuning luwangan kuburan,kaya bathang kang kepidak-pidak.