18 Sakehe tilas ratune para bangsapadha sumare kalawan mulya,ana ing astanane dhewe-dhewe.
19 Nanging kowe iki wus kabuwang,adoh saka ing pakuburanmu,kayadene trubusan kang nggegilani,kang katutupan ing mayite para kang sinuduk ing pedhanglan ambruk tumiba ing watu-watuning luwangan kuburan,kaya bathang kang kepidak-pidak.
20 Kowe ora bakal ana ing kuburan bebarengan karo para raja,amarga kowe wus ngrusak nagaramulan mateni rakyatmu.Anak-putune wong kang nindakake pialaora bakal kocap ing salawas-lawase.
21 Ngedegna papan panyembelehan kanggo anak-anake,marga saka kaluputane leluhure,supaya aja padha gumregah lan ndhaku bumituwin ngebaki jagad kalawan kutha-kutha.”
22 “Ingsun bakal jumeneng nglawan wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, “Ingsun bakal nyirnakake jenenge Babil lan kekarene, anak-putune lan buyute,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
23 “Ingsun bakal ndadekake Babil dadi duweke landhak lan dadi rawa sarta kutha iku bakal Sunsaponi kalawan sapu panggempuran,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah.
24 Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah wus supaos, pangandikane:“Sanyata kaya kang Sunkarsakake,iya mangkono bakal kelakone,lan kaya kang Sunrancang, iya mangkono bakal tumindake: