3 Ing dinane Sang Yehuwah mungkasi kasangsaranmu lan kabingunganmu sarta anggonmu padha nindakake pagawean kanthi peksan kang abot kang kudu padha koktindakake,
4 ing kono kowe bakal nglairake pamoyok tumrap ratu ing Babil lan celathu:“Wah, wus tumeka ing wekasane wong kang nindhes,wus tumeka ing wekasane wong kang ambek siya iku!
5 Pangeran yehuwah wus mutung gitike para wong duraka,tuwin gadane para wong kang ngereh,
6 kang nggebugi para bangsa kalawan nepsu,tanpa kendhat;kang ngidak-idak para bangsa kalawan bendutanpa leren.
7 Salumahing bumi wus ayem lan tentrem;wong-wong padha bungah-bungah lan surak-surak.
8 Uga wit beros lan wit eres ing Libanonpadha bungah marga kowe wus ambruk, pangucape:‘Wiwit titimangsa kowe ambruk gumlinting;ora ana wong maneh kang munggah negor aku kabeh!
9 Jagade wong mati kang ana ing ngisor kalawan gumeteranggone mapag tekamu;arwah-arwah padha kagugah marga saka kowe,yaiku sakehe tilas panggedhe ing bumi;sakehe tilas ratuning para bangsapadha diwungu saka ing dhampare.