9 Jagade wong mati kang ana ing ngisor kalawan gumeteranggone mapag tekamu;arwah-arwah padha kagugah marga saka kowe,yaiku sakehe tilas panggedhe ing bumi;sakehe tilas ratuning para bangsapadha diwungu saka ing dhampare.
10 Iku kabeh wiwit padha aruh-aruhlan ngucap marang kowe:‘Kowe iya wus dadi apes kaya aku kabeh,wus dadi padha kaya aku kabeh!
11 Kaluhuranmu wus kaudhunake marang ing jagade wong matikaro swarane slukatmu;kowe alemek singgat,lan akemul eset.’ ”
12 “Adhuh, kowe wus tiba saka ing langit,he lintang Panjer-Esuk, anake bangbang wetan,kowe wus kapecah lan tiba ing bumi,he, kowe kang ngalahake para bangsa!
13 Kowe kang maune ngunandika:Aku arep munggah menyang ing langit,aku arep ngedegake dhamparkuana ing sadhuwure lintang-lintange Gusti Allah,lan aku arep lungguh ing gununging pasamuwan,ing sisih lor adoh.
14 Aku arep mumbul nganti ngungkuli mega,arep madhani Kang Mahaluhur!
15 Nanging kosok baline, kowe kaudhunake menyang ing panggonankang jero dhewe ing luwanging kuburan.