3 Efraim bakal kelangan beteng-betenge,lan pangwasaning karajan bakal sirna saka ing Damsyik,uga kekarene Aram bakal sirna kabehpadha kaya kamulyane wong Israel,mangkono pangandikane Sang Yehuwah,Gustining sarwa tumitah.
4 Ing wektu iku kamulyane Yakub bakal suda,lan kemakmurane bakal susut;
5 kaanane kaya gandum kang digegem arep dienenilan tangane methiki wewulen,utawa kaya wewulen kang dipethik ing wongana ing lembahe wong Refaim.
6 Iku bakal ana turahane kanggo asagankaya nalika wong ngerog woh jaitun,ana siji loro kang kari ing pucuke,lan ana sawatara ing pang-pange,mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.
7 Ing wektu iku manungsa bakal mandeng marang Panjenengane kang nitahake, lan mripate bakal nyawang marang Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel;
8 ora bakal mandeng marang misblyah-misbyah gaweane tangane dhewe, lan ora bakal nyawang marang garapaning tangane, yaiku tugu-tugu brahala lan padupan-padupan.
9 Ing wektu iku kutha-kuthanira bakal kasuwungake kaya kutha-kuthane wong Hewi lan wong Amori kang padha ditinggal marga saka wong Israel, satemah banjur dadi sepi mamring.