7 Ing wektu iku manungsa bakal mandeng marang Panjenengane kang nitahake, lan mripate bakal nyawang marang Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel;
8 ora bakal mandeng marang misblyah-misbyah gaweane tangane dhewe, lan ora bakal nyawang marang garapaning tangane, yaiku tugu-tugu brahala lan padupan-padupan.
9 Ing wektu iku kutha-kuthanira bakal kasuwungake kaya kutha-kuthane wong Hewi lan wong Amori kang padha ditinggal marga saka wong Israel, satemah banjur dadi sepi mamring.
10 Awit sira wus lali marang Gusti Allah kang wus paring kaslametan marang sira,lan ora eling marang gunung paranging kakuwatanira.Mulane sanadyan sira yasa taman kang endahkang sira tanduri cangkokan saka ing nagara manca,
11 sanadyan nalika sira tandur sira ndadekake suburing thukule,lan ing wektu esuk anggonira nandur cangkokan ndadekake kembange,nanging panenane bakal enggal sirna ing dinaning pilaralan sangsara kang ngedab-edabi.
12 Bilai! Gumerahe bangsa-bangsa akeh,kang padha gumeder kaya ombaking sagara kang gumleger!Ramening suku-suku bangsa,kang padha rame kaya gumuruhing banyu kang ngedab-edabi.
13 Para suku bangsa padha gumerah kaya gumuruhing banyu gedhe;nanging Pangeran Yehuwah paring deduka,satemah banjur padha lumayu adoh,kalawan kesusu kaya mrambut ing panuton kang kabur ing angin,lan kaya dhedhak katiyup ing lesus.