1 Bilai! Nagara kumrisiking swiwiing sabranging kali-kali ing tanah Etiopia,
2 kang ngirimake duta-duta ngliwati sagarakalawan prau-prau pandhan ngliwati lumahing banyu!Mangkata, he para utusan kang cukat,nemonana bangsa kang dhuwur dedege lan kang klimis pakulitane,golongan kang diwedeni ana ing ngendi-endiyaiku bangsa kang wulet lan ambek siya,kang nagarane ketrajang ing kali-kali!
3 He sakehing wong kang manggon i ing donya,he para wong kang manggon ing bumi!Samangsa gendera kaedegake ing gunung-gunung, padha delengen;samangsa kalasangka kaunekake, padha ngrungokna!
4 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku:“Ingsun bakal mirsani saka ing papan padalemaningSun kalawan ora ebah,kayadene hawa panas kang umob ing wektu panas gumemplang,kayadene pedhut ing panasing mangsa panen.”
5 Awit sadurunge ungsum wowohan,manawa wektune kembang wus kepungkur,lan dhompolaning pentil wus dadi woh anggur kang meh mateng,Pangeran Yehuwah bakal ngethoki pang-pange kalawan arit,lan carang-carange kakethokan lan kasingkirake.