Yesaya 19:17-23 JAV

17 Tanah Yehuda banjur bakal nukulake pagiris ana ing satengahe wong Mesir, lan sapa bae kang eling marang wong-wong mau bakal kaget marga krungu bab pancasaning Yehuwah Gustining sarwa tumitah, kang wus kadamel tumrap wong-wong iku.

18 Ing wektu iku ing tanah Mesir bakal ana kutha lima kang caturane nganggo basa Kanaan lan kang sumpah demi Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah. Panunggalane ana siji kang bakal kasebut Ir-Kheres.

19 Ing wektu iku ing satengahe tanah Mesir bakal ana misbyah kagem Sang Yehuwah lan tugu pengetan kagem Sang Yehuwah kang dumunung ing tapel-watese.

20 Iku bakal dadi tandha paseksen kagem Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah ana ing tanah Mesir: manawa padha sesambat marang Pangeran Yehuwah marga saka kang padha nindhes, Panjenengane banjur bakal paring sawijining juru-slamet marang wong-wong mau, kang bakal tumandang lan ngluwari.

21 Sang Yehuwah bakal nglairake sarirane marng wong Mesir lan wong Mesir ing nalika iku bakal wanuh marang Pangeran Yehuwah; bakal padha ngibadah kalawan nyaosi kurban sembelehan lan kurban dhaharan, sarta bakal nyaosake nadar marang Sang Yehuwah tuwin iku bakal diluwari.

22 Wong Mesir bakal dirangket dening Sang Yehuwah, bakal dirangket, banjur diwarasake; nuli bakal padha mratobat marang Sang Yehuwah, tuwin Panjenengane bakal ngabulake pandongane lan nyarasake wong-wong mau.

23 Ing wektu iku bakal ana dalan gedhe saka ing Mesir menyang ing Asyur, satemah wong Asyur bisa lumebu ing Mesir lan wong Mesir bisa lumebu ing Asyur, sarta wong Mesir bakal ngabekti bebarengan karo Asyur.