4 Ingsun bakal ngulungake wong Mesirmarang ing tangane bendara kang ambek siya,lan ratu kang kereng bakal masesani bangsa iku;mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah.
5 Banyune bengawn Nil bakal entek,lan bengawan iku bakal dadi asat nggereng,
6 satemah susukan-susukan bakal mambu bacin,lan cawangan-cawanganing bengawan Nil bakal dadi cethek lan asat,glagah lan rayung bakal padha mati lan rubuh.
7 Suket ing pinggiring bengawan Nillan apa kang kasebar ing lebaking bengawan maubakal dadi aking, katiup ing angin lan wus ora ana maneh.
8 Para juru amek iwak bakal padha sesambat lan susah,yaiku sakehe wong kang padha mancing ing bengawanl Nil;sakehe wong kang njala ana ing konobakal padha ngenes uga.
9 Wong-wong kang gawe lena bakal padha kawirangan,mangkono uga para wong nenun mori.
10 Wong kang padha nenun bakal remuk atine,sakehe buruh bakal sedhih atine.