3 lan para suku bangsa akeh kang bakal padha budhalan kalawan ngucap mangkene:“Ayo, kita padha munggah ing gununge Sang Yehuwah,menyang ing padalemane Allahe Rama Yakub,supaya Panjenengane paring piwulang marang kita bab margi-marginelan supaya kita padha lumaku ing kono;amarga saka ing Sion bakal kaparingake piwulanglan pangandikane Sang Yehuwah saka ing Yerusalem.”
4 Panjenengane bakal dadi hakim ana ing antarane para bangsalan bakal ngadili suku bangsa akeh;iku banjur bakal padha nggembleng pedhang-pedhange kadadekake kejensarta tumbak-tumbake kadadekake arit.Bangsa kang siji ora bakal ngangkat pedhange maneh nglawan bangsa sijinetuwin ora bakal nggladhi perang maneh.
5 He golongan tedhake Rama Yakubayo kita padha lumakuing pepadhange Sang Yehuwah!
6 Sanyata Paduka sampun mbucal umat Padukainggih punika golongan tedhakipun Rama Yakubamargi wonten ing pundi-pundi sami nindakaken panenungan kadosdene ingkang tumindak ing tanah Wetansaha sikir kados tiyang Filisti,tuwin kekathahen tiyang bangsa sanes ingkang wonten ing satengahipun.
7 Nagarinipun kebak emas tuwin salaka saha raja-brananipun tanpa wicalan;nagarinipun kebak kapalsarta kretanipun tanpa wicalan.
8 Nagaranipun kebak brahala;tiyang-tiyang wau sami sujud nyembahdhateng dedamelaning tanganipun piyambaklan dhateng ingkang dipun garap dening tanganipun.
9 Kados makaten anggenipun manungsa dipun telukakensaha anggenipun tiyang kaesoraken-- tiyang-tiyang wau mugi sampun kaapunten!