1 Ing taun nalika panggedhening wadya-bala kang diutus dening Sang Prabu Sargon, ratu ing Asyur, nglurugi perang lan ngrebut Asdod,
2 ing wektu iku Pangeran Yehuwah paring pangandika lumantar Nabi Yesaya putrane Sang Amos. Mangkene pangandikane: “Sira lumakua, sandhangan bagor ing lambungira iku aja sira anggo mangkono uga trumpahing sikilira.” Iku iya banjur kaestokake, lumampah kalawan lukar lan tanpa trumpah.
3 Pangeran Yehuwah ngangdika: “Kayadene anggone abdiningSun Yesaya lumaku kalawan wuda lan tanpa trumpah telung taun lawase minangka pratandha lan ngalamat tumrap Mesir lan Etiopia,
4 mangkono uga raja Asyur bakal nggiring wong Mesir dadi tawanan, lan wong Etiopia kayadene wong buwangan, tuwa lan enom, kalawan wuda lan tanpa trumpah tuwin katon bokonge, dadi kawirangane tanah Mesir.
5 Wong-wong banjur bakal padha kaget lan wirang marga saka Etiopia, kang dadi bakuning pangarep-arepe, lan marga saka Mesir kang dadi kamongkogane.