4 Atiku ngolang-ngaling, aku kalimputan ing rasa trataban,wayah bengi kang tansah dakangen-angen iku saiki gawe geterku.
5 Wong padha ribut nata pasugatan,nata palenggahan, dhaharan, pangunjukan ...Dumadakan keprungu: “He para panggedhe!Samektaa ing perang, lenganana tamenge!”
6 Amarga mangkene pangandikane Pangeran marang aku:“Sira lungaa, masanga wong jaga,apa kang kadeleng kudu dikandhakake.
7 Samangsa sumurup prajurit jaranan sagelengan, ngloro-ngloro,wadya-bala nunggang kuldi, wadya-bala nunggang unta,iku kudu diwaspadakake temenan,kalawan nastiti banget.”
8 Wasana kang ndeleng iku nguwuh-uwuh:“Wonten ing panggung panjagen,dhuh bendara kula,kula tansah ngadeg sadinten muput,tuwin wonten ing papan panjagen kula kapanjering saben dalu.”
9 Lah punika sampun wonten prajurit sagelengan ingkang dhateng,wadya-bala kapalan!Wong mau banjur nguwuh-uwuh maneh:“Sampun rebah, Babil sampun rebah,tuwin sakathahing recanipun brahala sampun karemukakensaha pating slebar wonten ing siti.”
10 He bangsaku kang wus kaidak-idak lan kainjek-injekapa kang dakrungu saka Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah,Gusti Allahe Israel,wus daksumurupake marang kowe.