1 Wangsit tumrap “lebaking wahyu”.Ana apa ta, dene sakehe wongmupadha munggah ing payon-payoning omah,
2 he kutha kang surak-surak rame lan gembira gumuruh,he nagara kang bungah-bungah?Wongmu kang padha mati iku ora marga mati dening pedhang,lan ora gugur ana ing peperangan.
3 Panggedhemu padha lumayu kabeh,padha katawan ora sarana kapanah;wong-wong kang prakosa padha katawan,sanadyan wus padha lumayu adoh banget.
4 Mulane aku celathu:“Aku aja koktolih,etogna bae anggonku nangis kepati;aja meksa aku supaya kau kelipuring bab patine putrining bangsaku.”
5 Sabab Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah wus netepake dinane:Panjenengane bakal nggegerake,ngidak-idak lan ngisruhake wong,tembok ing “lebaking wahyu” bakal kajugrugakesarta panjerit njaluk tulung ngumandhang tekan ing pucaking gunung!
6 Elam wus nggendhong endhonge,Aram teka nggawa wadya-bala kretan lan jaranan,lan Kir nguculi bunteling tameng.